warga purbalanjar
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

GELARAN KLASA

Go down

GELARAN KLASA Empty GELARAN KLASA

Post  tahenk Mon Sep 12, 2011 7:58 pm

Kyai Patekur

WARGA desa esuk-esuk wis gemridig mangkat maring baledesa sebab jere arep deanakena silaturahim. Pak Lurah wis ngumumna lewat para Kadus, saben warga tuwa enom, gedhe cilik, lanang wadon, kabeh kon padha mangkat maring baledesa.

“Aja padha kelalen, angger padha mangkat lawang,jendela pada detegi sing rapet, dekonceni. Kompor apa jere pawon padha desipet genine,” kaya kuwe para Kadus gole wara-wara maring warga.

Mulane esuk kiye, dalan desa jan semanger pisan. Warga padha mangkat maring baledesa padha nganggo klambi bada sing esih anyar. Ketemu neng gili pada salaman terus mbari dopokan mlaku maring baledesa. Sing dadi bahan dopokane werna-werna pisan. Angger ketemu karo warga sing nembe padha bali buara neng kota gedhe sing decritaknana prekara urip neng kota. Ana sing reka-reka ngomong bahasa Betawian, ana sing bandhekan senajan pating ngglathuk ora kepenak derungokna.

Tekan baledesa wong padha kaget sebab ora nana meja utawi kursi. Neng pendhapa baledesa mung degelari klasa sepirang-pirang. Hansip karo junjang sing dadi panitia sibuk pisan. Neng corong dela-dela ana pengemuman sing supayane warga padha mlebu, njagong neng gelaran klasa. Dadi senajan padha kangelan ya padha mlebu terus jagongan neng klasa.

“Ujarku koh nganeh-anehi temen,” Pak Prawiro, sing anak-anake padha urip kepenak dadi wong sugih neng Jakarta, grundelan. “Mbok ya kaya biasane baen, njagong neng kursi.”

Wong-wong padha mlirik krungu grundelane Pak Prawiro sing goli teka ngiridakna anak putune sing goli ngomong padha nganggo basa Betawian. Jan-jane ora mung Pak Prawiro sing bekah-bekuh, ningen sing liyane mung trima meneng. Kadar ora saben ndina ikih goli lekoran neng klasa. Pak Kades uga ngendika kaya kuwe.

“Inyong ngerti, sampeyan padha bingung, deneng goli silaturahmi koh pada lekoran neng klasa,” kaya kuwe sesorahe pak Kades. “Mulane inyong njaluk ngapura sing akeh mumpung esih badan sebab kahanan sing kaya kiye. Ora-orane desa ora bisa nyewa krosi, ningen ana mangsude, kenang apa koh inyong karo rika padha jagongan neng klasa. Mengko toli arep deterangna neng Kyai Patekur. Kabeh bakal dedhudhah neng hikmah silaturahmi.”

“Ujarku koh, ana-ana baen Kyai siji kiye,” Paman Miraji sing biasa jamangah neng tajuge Kyai Patekur ngudarasa dhewek.

“Assalamuangalaikum warohmatullahi wa barokatuh,”. Kyai Patekur uluk salam. Wong-wong sing maune rame padha gisus dopokan dhewek mak cep padha meneng. Kabeh padha nyawang Kyai gering sing jenggote wis putih.

“Mayuh padha muji syukur maring Gusti Allah sing wis paring pitulungan maring inyong karo rika kabeh,”. Kyaine nerusakna pangandikane. “Inyong karo rika padha bisa teka maring baledesa, njagong barang-bareng neng klasa kiye angger ora detulungi neng Gusti Allah tangeh lamon kon bisa neng kene. Mulane aja padha liren goli muji syukur maring ngarsaning Pangeran, nggih sedulur ….”

“Nggiiiihhh …” warga sing kumpul neng baledesa padha semaur bareng.

“Sedulur,wis kawit mau inyong krungu jere ujarku koh nganeh-anehi temen pertemuan silaturahmi warga desa neng Baledesa koh gole njagong neng klasa. Pak Kades wis ngendika, ora jalaran desa ora duwit nggo nyewa krosi, ningen Pak Kades kagungan pamrayoga, kepriwe mungguh neng suasana silaturahmi kiye,kabeh wong padha dhuwure, padha senenge, padha rekasane. Mulane banjur deputusna pendhapa baledesa degelari klasa. Ora nana kursi, apa maning kursi sing empuk. Kabeh njagong neng klasa. Kadese njagong neng klasa, para pejabat sing dadi warga desa kene uga padha njagong neng klasa. Sing sugih, mlarat, sing juragan, sing kuli ari kabeh njagong neng klasa. Ora debedak-bedakena.”

Warga desa padha manthuk-manthuk.

“Sedulur,klasa kuwe degawe sekang godhong pandhan. Ambune wangi senajan ana erine. Goli gawe kudu tlaten. Kuwe mujudna ajarane Gusti Allah angger menungsa kuwe kudu sabar. Wong sabar kuwe demelasi neng Gusti Allah.Innalloha ma’as shobirin. Kasile kesabaran wujud klasa sing kena nggo werna-werna. Kena nggo jagongan, kena nggo degelar neng langgar lan liya-liyane. Mulane aja nganggep entheng plekara klasa kiye. Jajal sih, apa rika cokan padha menggalih, klasa kuwe wujud anam-anaman. Nek mung ler-leran thok ora deanam ora nana gunane utawa ora mampangati. Ning angger deanam bisa dadi wujud klasa sing migunani. Lha anam-anaman kuwe mujudna gambaran lamona neng menungsa, inyong karo rika kabeh bisa ngraketna peseduluran, gotongroyong nyambut gawe bareng, kasile arep migunani tumrap wong akeh.”

Kyai Patekur mandeg sedela. “Sedulur,rika ora kelalen mbok,ana lelagon sing monine .. e dayohe teka, e gelarna klasa, e klasane bedhah …. Lha klasa bedhah kuwe gambaran pesedularan sing agi rusak. Para wali prentah klasa sing bedhah kuwe kon dedandani. Lha, neng suasana silaturahmi kiye penting banget tumrap wong penginyongan padha nembel klasa bedhah, padha ndandani peseduluran. Mulane pesamuan kiye gola padha njagong neng klasa kon supayane ora nana sing rumangsa lewih dhuwur utawa lewih endep. Inyong karo rika kabeh, jalaran njagong neng klasa kiye jane deprentah kon padha praktek sikap tawadlu’. Tawadlu’ kuwe tegese andhap asor,ora jumawa,ora takabur. Tawadlu’ kuwe kepribadiane para nabi lan rasul. Padha gelem neladani kepribadiane nabi lan rasul apa ora ?”
“Puruuuuun “
“Alhamdulillahirobbil’alamin, wassalmu’alaikum warohmatullahi wa barokatuh”[FAT],


http://majalahancas.blogspot.com/
tahenk
tahenk

Jumlah posting : 2009
Join date : 27.01.08
Lokasi : Jakarta Selatan

http://tahenk.multiply.com/

Kembali Ke Atas Go down

Kembali Ke Atas

- Similar topics

 
Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik